Minggu, 07 Oktober 2012

contoh cerkak bahasa jawa



NAMA : ANIK NUR LAILI
                              KELAS  : X.I




Balapan
            Ing jaman saiki akeh bocah cilik ingkang pada iso nunggang motor. Salah sijine Aji ingkang ngumur sewelas tahun  utawa kelas lima SD. Amerga wis ngrasaake kepenake nunggang motor, dadi kebiasane Aji yen dolan-dolan nganggo motor. Menawa miturut Negara sing oleh numpak montor iku tiyang kang uwis anduweni SIM utawa Surat Ijin Mengemudi.
            Ing wayah sore, Fatih kancane aji moro ing ngomahe.
            “Ji, aji…aji….” Fatih bengak-bengok ing ngarep omahe Aji.
            “ Woi…..dilit” suarane Aji saka njero ngomah.
            Let sadela suara pating gedebuk kaya ana lindu dirasake Fatih .
            “Wah…. Iki apa sek tak goleki,lagi ngopo Ji kok suwe banget?” pitakone Fatih marang Aji kang lagi wae mlayu marani Fatih.
            “He..he..he..he lagi wae madang, alhamdullilah wareg!!”
            “Wuuuuu…..awak wae sing digedeke, pikiran ya digedeke !”calethune Fatih.
            “ Kadingaren dolan sore-sore, ana apa?” pitakone Aji.
            “Ayo Ji mubeng-mubeng nganggo motor. engko balapan wis, gelem ra?”jawabe Fatih karo cengar-cengir.
            “Ayo!!! paling sampeyan yo kalah mas bro.”
            “Weh aja ngremehke,ngeneki aku wis tau juara balap karung jhe.”
            “Apa hubungane ro ciduk???”
            “Ha…ha..ha… dingo adus.” Jawabe fati karo nguyu cekikikan.
            Sak banjure Aji mlebu ing garasi ngetoake motore. Treng…treng…teng….teng…teng…suarang motor jet collede Aji lan Fatih kaya wajan kang ditutuki marang ibune aji Pas lagi duka.
            “Siap rung tih?”pitakone Aji kang wos siap arep balapan.
            “ Siap ndan.” Wangsulane Fatih
            “Siji…loro…telu…”
            Treng …..treng….teng….teng…..aji lan fatih pada banter-banteran numpak montorr mubeng ndesa. Wong loro kuwi pada selip-selipan kaya balapan motor antarane Valentino Rossy lan lorenzzo.
            Ana ing pertelon aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongko ing lawan arah ana bakul some. Aji kaget banget,dheweke bingung lan gugup.
            “Lik….lik….lik…awas”
            Grubyuk,klonteng , tlepok-tlepok-tlepok. Some kang ana ing kwali pada menculat ing lemah. Praupane Aji lan Fatih mbalek sak untara,dadi pucet kaya mayet kanga arep dikubur.
            “kepriye tha le…? Nek numpak motor aja banter-banter. Daganganku temumplak kabeh , piye nek ngeneki?”pituture bakul some.
            “ Kula nyuwum pangapunten pak, sak estu kula mboten sengaja” jawabe Aji kang kaweden.
            “Saiki daganganku uwis ora payu,amerga someku tak tumplakke. Kowe kudu ngijoli duit seket ewu”
            “Injih pak, kula tetep tanggung jawab. Kula tak mantuk rumiyin mendet arta.”
            Ahire Aji lan Fatih tarikan selawe ewu-selawe ewu kanggo ngijoli tukang some kang uwis ditabrak sewau. Sakwise kajadian kasebut Aji lan Fatih uwis ora wani nupak motor banter-banter.

29 komentar:

  1. kenapa harus hitam backgroundnyA???

    BalasHapus
  2. makasih yaaa..
    saya minta datanya....

    BalasHapus
  3. Cerkaknya lucu deh,, asyik bangeeeeettsss.. :D
    Boleh yaaa, klo aku minta.. ;) ;D

    BalasHapus
  4. @JUANG JOSUNG : biar lebih natural aja :D

    BalasHapus
  5. @novaBudaya: silahkan dengan senang hati :)

    BalasHapus
  6. @The great fandy :iya,, terinspirasi kejadian teman saya :)

    BalasHapus
  7. @CItra: silahkan ambil aja:)

    BalasHapus
  8. “Saiki daganganku uwis oracpayu,amerga someku tak tumplakke ,tak kudune tok

    BalasHapus
  9. @agusta oke makasih koreksinya :)

    BalasHapus
  10. @yunias Rizky ya ditunggu buat ganti backgrounya

    BalasHapus
  11. Membantu gan ,,,
    Jangan lupa kunbalnya

    http://farhanzihun.blogspot.com/

    BalasHapus
  12. ijin ngambil cerkaknya yaa mb Anik Laili.. :)

    BalasHapus
  13. Ijin copy ya mbak..buat tugas..hehe

    BalasHapus
  14. Izin ambil cerkaknya nggih... makasih... semoga bermanfaat..

    BalasHapus
  15. niki mboten wonten unsur instrinsik ??

    BalasHapus
  16. ijin copy teksnya broo
    terima kasihhh banyak broo :)
    sangat membantu

    BalasHapus