Jumat, 08 Maret 2013

sesorah


ANIK NUR LALI
XI IPA 1/1

Assalamualaikum.wr.wb
            Kepareng matur dumateng ngarsanipun bapak-ibu guru ingkang kula hormati. Lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.
            Wonten wekdal menika mangga kula lan panjenengan tansah ngaturaken puji syukur dumateng Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan, kesehatan satemah kula lan panjenengan makempal wonten papan menika.
            Lan mboten kasupen shalawat sarta salam kunjuk dateng ngarsanipun nabi Muhammad SAW ingkang kula lan panjenengan antu-antu syafangatipun benjang ing  yaumul qiyamah. Amin .
            Alhamdulillah wonten 22 desember punika kula lan panjenengan tansah ngawontenaken pengetan Dinten Ibu, sanes dinten bapak. Menapa sebababipun??? Sebabipun mboten wonten dinten bapak. Pramila kula lan panjenengan sedaya, sampun ngetingalaken kawontenanipun kaum ibu.
            Ibu wigati wonten tengah-tengah kula lan panjenengan sedaya. Wonten ing kluarga ibu sanget diperluaken kanggem ndidik putra-putranipun,saget ngatur balai griyanipun, lan ugi ngatur ekonominipun.
            Kaum ibu menika saget kangge cagake negari, sebab menawi ibu menika sae budi pekertinipun, inssyaallah negarinipun ugi sae. Ananging sebalikipun, menawi ibu menika mboten sae budi pekertinipun, tamtu negarinipun risak.
            Para lenggah ingkang kinormtan .
            Ngengeti tahun kapengker, bangsa Indonesia nate dados jajahanipun walanda lan jepang. Kaum ibu/wanita punika ugi nderek dados korban.
            Lajeng para ibu tuwuh gagasanipun ingkang sae rikolo 22  dumugi 25 Desember  1920. Para  wanita se-Indonesia sami ngawontenaken organisasi kangge mujudaken persatuan lan kesaruan bangsa, ingkang mapan wonten Ngayogyakarta. Lan dinten menika sampun katetepaken dados hari nasional inggih menika Dinten Ibu.
            Pramila, mangga kula lan panjenengan tansah ngemut-ngemut perjuanganipun para ibu. Kula lan panjenengan pendet hikmahipun. Kula lan panjenengan tuladhani perjuanganipun. Kula lan panjenengan lajengaken cita-citanipun. Supados negari Indonesia dados negari ingkang  ayem, tentrem,tebih saking bebaya, lan gemah ripah,loh jinawi.
            Kula  cekapaken semanten sambutan saking kula,lan  mugi wonten manfaatipun kanggem kula lan panjenengan sedaya .
            Kupat janure tuwa, menawi lepat dalem nyueun pangapura.
            Wassalamualaikum . wr .wb

Related Posts:

  • resensi kumpulan cerpen (imaji air, kwek li na)MicrosoftInternetExplorer402DocumentNotSpecified7.8Normal0 MicrosoftInternetExplorer402DocumentNotSpecified7.8Normal0 judul resensi : imaji air Pengarang  : Kwek Li Na Penerbit  : Tai… Read More
  • contoh penelitiannah ini jika temen-temen mau cari referensi tentang penelitian http://www.ziddu.com/download/23528404/presentasi.ppt.htmlhttp://www.ziddu.com/download/23528404/presentasi.ppt.html… Read More
  • busana tradisional khas jogjabuat temen yang pengen tau busana tradisional khas jawa bisa link di  http://www.ziddu.com/download/23528373/aniknurlailippt.ppt.html … Read More
  • cerkak basa jawa (wayang)ini ada juga referensi cerkak plus analisisnya klik aja  http://www.ziddu.com/download/23528393/cerkak...nyoooo2.ppt.html… Read More
  • try out onlineini jika temen-temen maulatihan try out mapel,,, gratis hehe <iframe src="http://latihanun.com/soal/kerjakan_ujian.php?id_ujian=30" height="500px" width="100%" frameborder="0" marginheight="20px"></iframe><ifra… Read More

0 komentar:

Posting Komentar